Friday 15 April 2011

DJAKA LODANG Edisi 46

Nuwun, kawula nuwun..
ATUR UNINGA dhumateng para sutrisna basa lan sastra Jawi....

Sampun kababar Kalawarti DJAKA LODANG edisi 46 (Sabtu Wage, 16 April 2011).
Wonten ing edisi punika, kula panjenengan badhe tetepangan kaliyan Pak Sugeng, pengusaha dhawet ireng ingkang misuwur mapan ing sawetan jembatan Butuh, Kutoarjo.
Sarasehan Budaya Jawa “YSBJ Kanthil” ing Yogyakarta ingkang ngrembug maknanipun “BIROKRASI”. Kados pundi wohing sarasehan punika?
Wonten ing rubrik SASTRA LAN BUDAYA, kula panjenengan badhe dipunajak sinau bab budaya PELAYATAN, punapa makna, tujuan utawi ancasipun tumprap pelayat lan ingkang ketaman, ugi tatacara pranguktilaya.
Kalawarti Djaka Lodang ugi nyawisaken sawernaning pawartos njeron lan njaban rangkah, budaya, seni, lan ugi sawernaning rubrik ingkang nyengsemaken, kadosta crita sambung, crita cekak, crita wayang, wacan bocah, geguritan, pengalaman lucu, lembar kulawarga, lembar agama, lan sapanunggalanipun.

Kalawarti kababar seminggu sepisan lan saged kapundhut wonten ing Kios MATA RANTAI Plaza Humaniora UGM, kanthi regi Rp 8.000,00.

Kalawarti Basa Jawi DJAKA LODANG “Ngesthi Budi Rahayu
Ngungak Mekaring Jagad Anyar”.
Matur nuwun.

No comments:

Post a Comment