Thursday 21 April 2011

MAJALAH DJAKA LODANG 23 April 2011

Nuwun kawula nuwun...
Sampun kababar Kalawarti Djaka Lodang edis 47 (Setu Legi, 23 April 2011)
Kados pundi nasib panjenengan ing minggu punika? Kados pundi ugi kelajengan carios “Rembulan Wungu” ingkang tansaya regeng?
Wonten ing rubrik SASTRA LAN BUDAYA, kula panjenengan badhe dipunajak sinau bab WAYANG BANJAR “Pakeliran ingkang ngandhut ajaran budi luhur”.
Wonten ugi liputan PATUNG SEGA WUNGKUS RASEKSA ing Ngayogyakarta ingkang mujudaken aspirasi saking barak pengungsi Merapi.
Kalawarti Djaka Lodang ugi nyawisaken sawernaning pawartos njeron lan njaban rangkah, budaya, seni, lan ugi sawernaning rubrik ingkang nyengsemaken, kadosta crita sambung, crita cekak, crita wayang, wacan bocah, geguritan, pengalaman lucu, lembar kulawarga, lembar agama, lan sapanunggalanipun.
Kalawarti kababar seminggu sepisan lan saged kapundhut wonten ing Kios MATA RANTAI Plaza Humaniora UGM, kanthi regi namung Rp 8.000,00.
Kalawarti Basa Jawi DJAKA LODANG “Ngesthi Budi Rahayu Ngungak Mekaring Jagad Anyar”.
Matur nuwun.
Info lebih lanjut hubungi 083869968269
 

No comments:

Post a Comment