Thursday 26 May 2011

KALAWARTI DJAKA LODANG EDISI 52, Sabtu Legi, 28 Mei 2011

Atur uninga....,

Kalawarti Basa Jawi DJAKA LODANG ing minggu punika nyawisaken sawernaning liputan, rubrik, lan pawartos ingkang nyengsemaken.

Kangge panjenengan ingkang remen NULIS utawi kepingin dados penulis, rubrik Sastra lan Budaya nyawisaken kawruh ing babagan nulis, kadosta kepripun ngrakit crita, bobot tulisan, lan punapa mawon ingkang dipunbetahaken ing sajroning proses nulis.

Punapa panjengan kalebet SUKERTA, ingkang miturut tradisi jawi kedah dipunruwat supados nir ing sambekala? Lembaga Javanologi Yogyakarta badhe ngadhani Tradhisi RUWATAN BARENG. Sumangga diponwaos wonten ing Djaka Lodang minggu punika.

Punapa pacangan utawi garwa panjenengan remen goroh? GENEYA PRIYA SENENG GOROH? Punapa alasanipun? Kados pundi ngadhepi priya ingkang remen goroh? Sumangga kula lan lan panjenengan ngangsu kawruh wonten ing rubrik Lembar Wanita lan Kulawarga.

Pawartos saking KEBUMEN, wonten liputan ngenani Pasar Tumenggungan ingkang mboten kalah kalawan swalayan. Wonten ugi warta ringkes bab program acara anyar ing TV Ratih Kebumen. Punapa punika? Sumangga dipunwaos.

Mboten kesupen, Kalawarti Djaka Lodang ugi ngemot crita sambung, crita padhalangan, crita cekak, jagading lelembut, pagelaran, sinau maca aksara Jawa, lsp.

Kababar seminggu sepisan lan saged kapundhut wonten ing Kios MATA RANTAI Plaza Humaniora UGM, kanthi regi Rp 8.000,00.

Kalawarti Basa Jawi DJAKA LODANG “Ngesthi Budi Rahayu Ngungak Mekaring Jagad Anyar”. 

Matur nuwun.

1 comment:

  1. Bingah saha bombong raosing manah hanyumerepi kalawarti menika taksih wilujeng ing jagading pawarta ingkang sampun mlesat tebih, matur nuwun

    ReplyDelete